1. Pitutur Lugu
Wong yen nerima, uripe dawa
Wong yen sabar, rejekine jembar
Wong yen ngalah, uripe bakal berkah
Sapa sing jujur uripe yo makmur
Sapa sing sulaya uripe sengara
Sapa sing sombong, amalane bakal kobong
Sapa sing telaten, pada paten
Aja pada gresula, mandak gelis tuwa
Sing wis lunga lalekna
Sing durung teka, entenana
Sing wis ana syukurana
Iki pepiling wong jawa
Eling- elingana lan lakonana
2. Sehat
Awak waras
Nduwe beras
Utange lunas
Mangan enak
Turu kepenak
Ngibadah jenak
Tangga semanak
Kluwarga cedak
Swarga mbukak
Sadulur grapyak
Ana panganan
Ora cluthak
Ketemu kanca ngguyu ngakak
Tidak ada komentar:
Posting Komentar