1. Maskumambang
Duh anak mas sira wajib angurmati
Marang yayah rena
Aja pisan kuma wani
Anyonyamah gawe susah
GANCARAN :
Dadi anak kuwi kudu ngurmati bapak lan ibu, ora oleh maneni wong tuwa, apa maneh ngasi gawe wong tuwa susah.
2. Asmarandana
Gegarane wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Yen gampang luwih gampang
Tan kena tinumbas arta
GANCARAN :
Menawa wong rabi kuwi modale ora mung bandha lan rupa. ananging mung ati. Yen salah pisan, bakal salah selawase, yen gampang bakal luwih gampang ananging yen angel bakal angel banget lan ora kena dituku nganggo duwit.
3. Dhandhanggula
Jago kluruk rame kapyarsi
Lawa kalong luru pandelikan
Jrih kawanen ing semune
Bang wetan sulakipun
Mratandani yen bangun enjing
Rembulan wus gumlewang
Sakkulone gunung
Ing padesan wiwit obah
Lanang wadon pan samya anambut kadi
Netepi kuwajiban
GANCARAN :
Krungu jago kluruk rame banget, lawa lawa pada golek pnggon kanggo ndelik amarga wedi yen kawanen. Ing sisih etan wus katon werno abang, nandani yen tangi esuk. Rembulane wis miring ing sak kulone gunung.warga desa lanang lan wadon pada nglekasi nyambut gawe, kanggo netepi kuwajibane dewe- dewe.
Critakno isine tembang dhandhanghula jago kluruk
BalasHapus...
BalasHapus